Sabtu, 11 Januari 2014

Ramalan jaya baya 1

117
Mbesuk yen ana kreta lumaku  tanpa turangga
Tanah jawa kalungan wesi
Prahu lumaku ing ndhuwur awang- awang
Kali gedhe ilang kedhunge
Pasar ilang kumrandhange
Hiya iku pertandhane tekane zaman
Kababare jangka Jayabaya wus amrepeki

Terjemahan:
Kelak bila ada kereta berjalan tanpa kuda
Tanah jawa berkalung besi
Perahu berjalan di angkasa
Sungai besar hilang lubuknya
Pasar kehilangan gaungnya itulah tanda-tanda akan tibanya zaman
Dimana ramalan Jayabaya tengah mendekati kenyataan

118.
Jawa dadi bera
Iblis anjalma manungsa
Iblis mendhilis
Manungsa sara
Jaran doyan sambel
Kreta arodha papat setugel
Wong bener thengger-thengger
Bejane sing lali
Bejane sing eling
Nanging isih beja sing waspadha

Terjemahan :
Rawa mengering
Iblis menjelma menjadi manusia iblis muncul dalam kejahatan
Manusia menjadi sengsara
Kuda suka sambal
Kereta beroda empat sepotong
Orang yang benar tak berdaya
Untung bagi yang lupa
Untung bagi yang ingat
Namun lebih untung waspada

119.
Akeh barang lumebu luweng
Akeh wong kaliren lan wuta
Akeh sing duwe wirang marga kepeksa
Wong tuku ngglenik sing dodol
Sing dodol akal-akal

Terjemahan :
Banyak barang masuk lubang
Banyak orang kelaparan Dan buta
Banyak yang terkena malu karena terpaksa
Para pembeli membujuk penjual
Para penjual makin banyak akalnya


Tidak ada komentar:

Posting Komentar